0 Komentar

Teks Qosidah Pepaling Ki Ageng Selo


Teks Qosidah Pepaling Ki Ageng Selo
PEPALING KI AGENG SELO

pepali ki ageng selo amberkahi
ojo gawe angkuh,
ojo ladak lan ojo jahil
ojo ati serakah lan ojo celimut,
ojo buru aleman lan ojo ladak
wong ladak pan gelis mati, lan ojo ati ngiwo



niruho wong mulyo, habaib lan ulama
niat hormat golek sawab ujar berkah kang minulyo
ojo sampe modo, ora keno nyelo
luwih becik derek tindak lampah pinuji munulyo
tembung alus ati ati, lungguhe ojo sembrono



sopo nandur bagus, bakal panen ugo
seneng ayem bahagia, anak putu sak kluwargo
lamun dadi panggede, printah anak buahe
ojo nganti keras kaku, sak seneng karepe dwe
dadiyo siro pelindung, printah kelawan kiro kiro



eleng lan waspodo dawuh kang utomo
seneng no jiwamu lan atimu, ojo salah tompo
pitutur kang luhur, printahe agomo
ojo simpang siur, tindak ngawur dadekno sengsoro
dadiyo wong agung kang minulyo ,tumindak sempurno




nindaki kweajiban, kanti dasar iman
akhlaq bagus tumus, sabar alus noto ati mapan
taat lan ngabekti, perintahe gusti

nindakno ngibadah , netepi printah amal kang pinuji 
nyandang ridlho  rahmat lan syafa''at sangking kanjeng nabi






Lihat Teks Lain:






Post a Comment

 
Top